Tuesday, November 11, 2014

DOLANAN ANAK JAWA TENGAH

 DOLANAN JAMURAN









Lelagon
Jamuran  yo gé … gé … thok .
Jamur apa ya gé … gé … thok.
Jamur gajih, mbrejijih sak ara-ara.
Sira mbadhé jamur apa ?

Wiraganipun
Laré-laré sami ngadeg kekantèn tepung gelang gegandhèngan asta , ingkang dados manggèn ing tengah-tengah . Dolanan dipun wiwiti kanthi tetembangan kalian mubeng menengen , Dumugi “sira mbadhé jamur apa” sami kèndel anggènipun mlampah. Ingkang dados kantun milih jamur  ingkang dipun remeni. Upaminipun jamur “Lot Kayu”  laré-laré sami cepengan utawi ngrangkul wit-witan utawi saka utawi sanèsipun. Ingkang dados nyobi nguwalaken saking cepengan punika, menawi saged uwal, ingkang uwal punika nggentosi dados, ananging menawi mboten saged uwal , dados malih. Tumunten dolanan dipun wangsuli saking ngajeng.

Katrangan
Jamur ingkang biasanipun dipun pilih :
  1. Jamur lot kayu
laré-laré sami cepengan utawi ngrangkul wit-witan utawi saka utawi sanèsipun. Ingkang dados nyobi nguwalaken saking cepengan punika, menawi saged uwal, ingkang uwal punika nggentosi dados, ananging menawi mboten saged uwal , dados malih. Tumunten dolanan dipun wangsuli saking ngajeng.
  1. Jamur tunggak kayu
Laré-laré sami ndhodhok kalian cepengan punapakémawon supados kiat. Ingkang dados nyobi njunjung, ingkang saged dipun junjung gentosan dados.
  1. Jamur lot uwong
Laré-lare sami pados kanca piyambak-piyambak kalih utawi tiga, rangkulan utawi cepengan bangkèkan kenceng. Ingkang dados nyobi nguwalaken , menawi saged ingkang uwal gentos dados. Menawi boten saged uwal, dados malih tumunten dolanan dipun wangsuli saking ngajeng.
  1. Jamur Emprit Mabur
Laré-laré sami mlajar pating slebar , ingkang dados ngoyak . ingkang dipunoyak ndhodhok, boten kénging ngantos kecepeng. Menawi dèrèng ndhodhok sampun saged kecepeng , ingkang kecepeng dados.
  1. Jamur emprit mencok
Laré-laré sami ndhodhok pating slebar (kosok wangsulipun jamur emprit mabur) ingkang dados usaha nyepeng . Menawi badhé dipun cepeng kedah ngadek/mlajar/mabur. Menawi dèrèng ngadeg saged kecepeng , ingkang kecepeng dados.

No comments: